kesandhung gulung-alam lembut
Kedadeyan iki watara taun suwidak telu kepungkur.
Swasana desa sing tentrem ayem guyub rukun. nanging uga sepi awit tontonan sing ana wektu iku mung winates wayang kulit utawa tayub.
salah sijine tanggaku sing tak cekak wae jenenge " Yitno " hobine tayuban mesthi ora kari melu amul tayuban nganti esuk.
wektu iku neng kuthaku sing kondhang tledhek sing jenenge Sumiati. dhasar pawakane sedhengan kulite kuning nemu giring. senajan statuse kabeh ora ana sing ngerti nanging rata-rata padha gandrung kepengin bisa methik tledhek ayu sing kenes mau.
klebu kang Yitno sing duwe pegaweyan blantik sepedha ana pasar Wage.
saking senenge tayuban nganti neng ngendi papan mesthi ana kang yitno.
malah ing sawijining wektu dheweke ketemu Sumiati ana pasar Wage.
:" Lho sum kowe karo sapa kok ijen wae...
pitakone kang yitno karo ngguyu semringah.
:" Iya kang Yit.. aku ana butuh sethithik mula nekat budhal numpak dhokar...
:" Ya ayo tak kancani...
presasat kaya nemu kesempatan sing becik sawise mangan bebarengan lan nyukupi butuh wong loro reruntungan mboncengan sepedha ngeterake Sumiati mulih neng omahe ing desa karang dawa.
kang Yitno mancal sepedha alon-alon Sumiati ngamplok neng gegere cekelan bangkekane Kang Yitno jan rasane kaya nemu emas sak wakul.
nganti bareng wis cedhak desane kudu liwat nlusur tanggul pinggir kali ora sawetara suwe tekan ngomah cilik cedhak kali sing katon resik tur cekli.
sawise di pinarakne disuguh sakmesthine wong loro jagongan nganti taneg ora krasa yen wektune wis bengi..
:" Kang Yit ora susah kundur sare kene wae, gek siram dhisik kae wis tak cepakne andhuk karo sabune..
kaya sapi dikeluh kang yitno budhal adus...
lagi wae mlebu kamar mandi ndadak dithothog lawange, terus dibukak..
:" Kang aku tak adus pisan awakku gatel kabeh..
Kang yitno ndomblong...
weruh-weruh Sumiati wis mlebu kamar mandi melu cucul klambi..
semlengeren weruh wujud kaya ngono mau rasa atine kang Yitno ora karu-karuwan... sigeg dhisik ya..
adegan diterusake wanci bengi...
esuke kang Yitno ditemokake juru kunci kuburan ngglethak ngathang-athang neng tengah kuburan mbejujung ora nganggo klambi ngrangkul maesan.
sak kala rame warga desa karang dawa.
Sawise temata kang Yitno ditakoni nanging katon linglung..
mung nyebut jenenge Sumiati.
kamangka jenenge Sumiati kuwi lagi wae mati seminggu kepungkur, sawise bubar tanggapan tanpa lara jarene kena angin Dhudhuk...
sarehne wong desa kono kuwalahan kang Yitno ndleming terus ngundang jenenge Sumiati terus diter-ake mulih numpak dhokar.
Sawise tekan ngomahe lan swasana wis tenang kang Yitno lagi Crita kedadeyan sing dilakoni. anggone gandrung karo ledhek favorit .
Rumangsa kapok kewirangan dadi tontonan.

Wis ya drijiku kesel
To be Continue.
To be Continue.

Comments